Assalaamualaikum sobat! Pada posting kali ini saya akan share undangan versi jawa,,,,dalam istilah jawanya adalah ulem….langsung saja
Ngunduh Temanten :
siMahdi Al-khudri
Bin Mahdi Al-khoiri – Ibu Mahdi Setiani
Todanan – Blora
Dhaup kaliyan
Siti Manira
Bin Sunaryanto – Ibu Siti Sunaryanti
Purwodadi
Ijab Qobul :
Sabtu Legi, 10 September 2011
Todanan, September 2011
Assalaamualaikum Wr. Wb.
Nuwun,kanthi lumuturing sih nugrahaning Gusti Ingkang Maha Agung, saha sinurung hanetapi dhatmaning asepuh, keparengan kula kanthi handhaping manah hanaturi rawuh panjenengan skaliyan benjing :
Dinten : Jum’at Pahing, 16 Septemer 2011
Wanci : 07.00 WIB
Wonten : Griya kula Todanan Blora
Panglipur : Organ Tunggal
Saperlu hanjenengi saha paring donga pangestu wilujeng dhumateng anak kula temanten kekalih, sumrambah ing samudayanipun.
Wasana menggah kepareng rawuh panjenengan sekalian, kula ngaturaken agenging panuwun.
Wassalaamualaikum Wr. Wb.
Atur pangabekti taklim kula,
Kel. Mahdi Al-khoiri – Ibu Mahdi Setiani
Mahdi & Siti
Nah,itu tadi posting ulem dari saya… …….. semoga brmanfaat ya….
Wassalaamualaikum Wr. Wb.
0 komentar:
Posting Komentar